![]() |
Ngapak (www.fotokata.com) |
Si Kasno tembeke bali sewise dhines neng Luar Negri kosi
setaun. Sing wadon mapag neng terminal, katon bungah pisan.
KASNO : "Wadhuh Dhek, sejrone setaun mesthi slirane
krasa sepi pisan merga tek tinggal ya..?".
Kambi nglendhot aleman, sing wadon semaur, "Ya mesthi
Maaas... Kewilange bae ana tangga sing padha-padha agi detinggal bojone dhines
meng Luar Negri, dadi ana batir nggo gendhu-gendhu rasa, batir becer, ndeleng
sinetron bareng uga liya-liyane. Pendheken kena nggo slimur, dadi ora patiya
krasa detinggal neng Kamase, wajiba kosi setaun lawase..!".
KASNO : "Oh ya sukur ari ayakuwe... Eh, mengko
dhimin... Ngomong-ngomong, kuwe tangga sing iring mendi si Dhek..?".
WADON : "Alah kae lho Maaas, tanggane dhewek sing iring
kulon keletan rong umah...!. Sing wadon mbokan padha bae agi dhines neng luar
negri, malah wis olih karo tengah taun...?".
GEDHUBRAAAGG....!!!
Kasno sekal njimprak kaget, kosi tiba kejengkang
ngathang-ngathang, ngurugi koper....
Owalah Mbekayuuu...
Dening Agus Waluyo, Redaktur Dablongan Kabare Bralink
0 comments:
Speak up your mind
Tell us what you're thinking... !