(Kabare
Bralink / KPU)
|
Assalamu’alikum
sedulur...
Kepriwe
pada kabare? Sehat? Waras? Ya, semoga pada sehat, sing lagi meriang
ya gagean mari ben teyeng ngode, sekolah lan aktivitas liane. Nyong
arep ngomong setitik olih lah ya, sekedar go ngemutna rika kabehan,
sedela maning kan ana Pilkada neng Indonesia. Diemut ya, dina Rebo,
tanggal 09 Desember 2015.
Pilkada-ne
kie serentak se-Indonesia sing arep ganti Wali kota/Wakil Wali Kota
utawa Bupati/Wakil Bupati. Ya, ora susah bahas ngendi-ngendi lah ya,
nyong juga ra ngerti sing neng kana-kana. Mending mbahas sing neng
ngarep mata bae, yoiku Pilkada Purbalingga.
Panjenengan
kabeh warga Purbalingga, aja pada nganti golput ya. Siji suara kue
banget ana artine loh go salah siji calon bupati/wakil bupati. Aku si
ora arep ngorak-ngopraki rika kabeh kon milih nomor pira, kue wis
dadi hake dewek-dewek arep milih nomor pira. Aku Cuma ngemutna, milih
bupati/wabup sing benar-benar pantes mimpin Purbalingga go tekan lima
tahun ngarep. Ben Purbalingga lewih maju neng segala bidang,
diantarane pendidikan, kesehatan, lan sing paling penting
kesejahteraan masyarakate. Ngerti dewek mbok, siki apa-apa lagi pada
larang, berase ben nganti sepuluh ewu sekilo, jyan jyan... (Tapi
nyong seneng, ramane gole panen pari dadi olih batine tambah,
hihihihihi)
Nah,
sing perlu diperhatikan kue Pendidikan ben SPP ne ora kelarangen.
Kesehatan, ben wong sing meriang dirumat bener neng Puskesmas, Klinik
dokter utawa neng Rumah Sakit. Terus, kesejahteraan utawa dana
bantuan masyarakat bisa disalurna ming wong sing bener-bener butuh.
Lah, ana maning sing ora kalah penting, yo kui dalan. Neng
Purbalingga kue esih akeh dalan sing jerene kayak “Kali Sat”. Ora
usah adoh-adoh, dalan kue ya neng ngarep umahku dewek, bener-bener
wis bodol. Terakhir didandani tahun 2012, nganti siki urung pernah
didandani maning (lah, bahas dalan malah dadi curhat kie, tapi aku
rep ora bahas kie disit. Bahas dalan neng segmen liane).
Nek
Bupati lan Wakil Bupati perhatian karo masyarakat neng bidang apa
bae, mesti Purbalingga maju. Dadi, aku, rika kabehan sing neng
Purbalingga, sing wis wajib nyoblos (umur 17 tahun utawa sing wis due
bojo), kudu nyoblos calon bupati/wabup sebener-benere. Nek perlu
mengko bengi sembayang istikharoh, ben dinei petunjuk neng Gusti
Allah, calon ndi sing bener-bener apik go mimpin Purbalingga.
Kayak
kue, tek cukupna disitlah mbok kedawan mengko malah aku bablas gole
nulis apa bae. Masalahe nek aku wis ngetik-ngetik kadang bablas bae
kayak motor langka rem-e, apa bae bisa diomongna. :D Malah mengko
lagi diarani kampanye, hehehe... Wis hari tenang, ora olih kampanye.
Pada ndonga bae lah mayuh, calon sing apik mugo-mugo sing dadi Bupati
lan Wakil Bupati Purbalingga.
Ojo
lali, sedulur kabeh, ngango hak pilih secara bijak ya, :)
#MenujuPurbalinggaJaya
(Kabare
Bralink / Ery)
Sayange inyong lagi ngodhe neng Jakarta,dadi ora teyeng nyoblos
ReplyDeleteya jaluk pandongane ya, mugo2 sing dadi ya sing amanah, mimpin Purbalingga ben Pbg maju terus
DeleteYa moga2 ngesuk tgl 9 coblosane lancar,langka alangan apa2,lan sing kepilih wong sing bener2 niat mbangun Purbalingga,udu wong sing mung nguber jabatan thok
ReplyDeleteAaamiin, semoga kayak kue.. semoga wong sing pada nyoblos bener2 milih wong sing bener, dudu karena duite hehehe
DeleteYa moga2 ngesuk tgl 9 coblosane lancar,langka alangan apa2,lan sing kepilih wong sing bener2 niat mbangun Purbalingga,udu wong sing mung nguber jabatan thok
ReplyDelete