![]() |
Google Image |
Assalamu’alaikum...
Ketemu
maning karo inyonge sing mandan rewel, hehehe..
Kie
aku pengen cerita pengalamane dewek, wingi dina Minggu (6/12), aku
kue lagi pengen kayak wong Londo ben mandan keren. Dadine esuk-esuk
gole sarap ya gayane wong sing kulite putih lan irungi kayak cucuk
manuk gagak. Aku jam pitu esuk sarapan karo roti tawar telu iris
campur ceres, terus susu segelas. Hhmmm, mbok kayak wong londo
temenan. Bar kue aku mangkat ngode (ora ngode, dolan tok tilik PT).
Neng
PT ngetik-ngetik sedela, eh pas jam 9 wetenge koh rasane perih,
cacing sing neng njero pada joget kayak jogete Inul. Tek tahan-tahan
koh sengsaya perih, ujarku esukue wis sarapan roti tawar karo susu.
Al hasil ora kuat, akhire ya tuku rames, mbok semaput neng PT malah
ngisin-ngisinke. Nah, bar diisi sega karo jangan lan mendoan,
wetengku tembe adem, ora lara maning. Terus awane neng batire dijek
mbakso (anu ditraktir ya sregep), tambah wareg rasane.
Bar
wis mbakso terus aku ming Socio Library Cafe, ngelanjutna maca buku
sing urung rampung. Ternyata, tembe sejam koh wetenge perih maning
padahal wis mangan bakso semangkok. Akhire ya bali, padahal tembe
maca buku tekan halaman 94 (jane kie numpang ngemutna, mbok
kelalen gole maca gutul ngendi :D). Aduh-aduh, jan jane wetengku
kie masalah apa ora ya? Apa weteng karet? Akhire ya aku mending bali
ming ngumah, madang sewarege.
Aku
kayak kue dadi ngerasa ana benere omongan wong tua jaman mbiyen,
“Wong jawa kue nek urung mangan sega berarti urung madang.”
Panjenengan
pada ngeraksana hal sing kayak kue apa ora? Aku sering masalahe,
mboka wis mangan mie ayam semangkok, bakso, soto lan liane-liane sing
gawe wareg, mesti ora tahan sue, kudu madang sega karo jangan ben
warege awet. Hahahahaha...
Hayoooo
ngaku, sapa sing pada bae? :D
0 comments:
Speak up your mind
Tell us what you're thinking... !