PURBALINGGA - Ana
bocah cilik umur 10 taun neng Papua, sing arane Johannes Goram. Sewijining dina
Goram mlayu nemoni Pak Kuswadi. Goram njaluk tulung meng Pak Kuswadi kon
'memberkati' asune sing agi sekarat. Pak Kuswadi mung mesem lan manthuk
ngiyakna. Wong loro kuwe njutan nuju meng umahe Goram. Weruh asune Goram agi
sekarat, Pak Kusawdi sing asli Patikraja kuwe njutan nempelaken tlapakan
tangane neng ndhase si asu kambi ngomong nganggo basa Jawa.
“Su...Asu...
Ari ko agepan mati ya matia... Lha ari agean urip,
ya warasa..!”
Goram sing ora mudheng basa Jawa, mikir lamona Pak Kuswadi kuwe ngomong nganggo basa Latin. Bubar kuwe Pak Kuswadi gegen bali ngumah.
Pirang
dina sebubare kuwe, Goram gibyag mlayu meng umahe Pak Kuswadi, agepan lapur
lamona asune wis mari. Ningen dheweke decegat neng Pak Koster, sing aweh kabar
lamona pak Kuswadi siki agi mriyang. Krungu kabar kuwe, Goram kaget pisan.
Dheweke njutan gegen mlayu kebat nuju umahe Pak Kuswadi.
Butul
umahe Pak Kuswadi, ora sranta si Goram mlebu meng kamare Pak Kuswadi. Weruh Pak
Kuswadi agi ngglethak lemes neng dhipan, si Goram merek njutan nempelna
tlapakan tangane meng bathuke Pak Kuswadi kambi ngomong.
“Su...Asu...
Ari Ko agepan mati ya matia... Lha ari agepan urip ya warasa...!”
Krungu tembunge si Goram, Pak Kuswadi njimprak kaget, gemuyu nggegrek sekal mari...
Wakakakakakaka
=)) =))
(Kabare Bralink/Agus Waluyo)
0 comments:
Speak up your mind
Tell us what you're thinking... !