NJALUK MUNDHAK GAJIHE
![]() |
(foto : www.fanind.com) |
NYONYAH : "Owalaaa... Ketemu pirang prekara, deneng Ko wani njaluk mundhak gajihe...?".
BABU : "Ana telung prekara Nyah... Sing sepisan, inyong gole nyapu umah lewih resik timbang Nyonyah...!".
NYONYAH : "Sapa sing ngomong...?".
BABU : "Tuan sing ngomong Nyah...!".
NYONYAH : "Ooo..!".
BABU : "Nomer lorone, gole olah-olah ya lewih nylekamin timbang Nyonyah...!".
NYONYAH : "Jere sapa kuwe...?".
BABU : "Tuan sing ngomong dhewek Nyah...!".
NYONYAH : "Ooo...!".
BABU : "Lha sing nomer telune, inyong neng kasur ya lewih maen timbang Nyonyah...!".
Kambi mecicil merga jengkel, si Nyonyah semaur nggentak "Kuwe ya jere Tuan...???".
BABU : "Anu Nyah, jere Tuan ngarep umah...!".
JEGGEEERR...!!!
Kaya krungu bledheg neng setengahe awan sing terang.
Si Nyonyah sekal ndheglag merga kaget, raine abang ireng kisinan merga wis kewenangan slingkuh kambi tangga ngarep umah.
Bubar kuwe, njutan ngomong lirih, "Ya wis, siki Ko gari ngomong bae, agepan njaluk mundhak pira jane...?".
He...he...he...
Kabare Bralink / Agus Waluyo
0 comments:
Speak up your mind
Tell us what you're thinking... !