NUNGGANG ODHONG-ODHONG
Sewijining dina neng komplek Perumahan, neng tengah awan sing panas nggenjret, ana Bocah Cilik nembung meng tukang odhong-odhong merga kepengin nunggang odhong-odhonge.
"Lik... Nyong kepengin nunggang odhong-odhonge...!".
"Ya olih, Dhek...!".
"Ari sewu perak, sepira suwene, Lik...?".
"Ari sewu perak ya kur selagu thok, Dhek...!".
"Gelis temen deneng, Lik...?".
"Ya ora gelis lhaaa... Lha wong selagu toli kira-kira bangsa limang menitan suwene, Dhek...!".
"Ya wis, Lik... Nyong tek bali dhimin, mengko ngeneh maning...!".
Ora let suwe...
Kambi ngulungna CD-ne sing tembe njimot sekang umah, si Bocah Cilik ngomong, "Kiye, Lik... Nganggo CD-ne inyong bae...!".
"Iya, Dhek...!".
(CD desetel, tukang odhong-odhong mulahi nggenjot)
Ora krasa wis setengah jam, Tukang odhong-odhonge ngomong kambi kesuh, "Dhek, deneng suwe temen musike ora entong-entong...?. Kiye kempole nyong wis mrengkel pisan rasane, koh...!".
Kambi anggut-anggut kepenaken nunggang odhong-odhonge, babar pisan ora rumangsa salah, si Bocah Cilik semaur, "Iya Lik, kuwe CD nggone ramane Inyong, anu CD musik klasik. Paling setengah jam maning toli rampung...!".
GEDHUBRAAAGG...!!!
Tukang odhong-odhonge sekal njundhal kaget, kosi tiba sekang sadhel, kejengkang ngathang-ngathang....
He...he...he...
Dening Agus Waluyo, Redaktur Budaya Kabare Bralink
0 comments:
Speak up your mind
Tell us what you're thinking... !