REWANG ANYAR
Mbekayu Rijah agi ngenalna rewang anyar-e meng Kartam, anak lanange sing
tegin 4 taun.
YU RIJAH : "Kartam, Yune kiye sing mengko-mengkone bakal momong Ko,
mbatiri dolanan lan jujug Ko meng sekolahan...!".
KARTAM : "Deneng genti maning, Yung...!".
YU RIJAH : "Iya, Yune sing dhisit kae mangkat meng nJakarta, kerja
neng ngkana. Ayuh, de-ambung...!".
KARTAM ; "Moh, lhaaa...!".
YU RIJAH : "Lho, kenangapa, siii...?".
KARTAM : "Mau esuk Ramane ngambung be sekal de-tampong, koh...!".
YU RIJAH : "Apaaaa...!!!???".
GEDHUBRAAAGG....!!! Yu Rijah sekal njimprak kaget, tiba kejengkang kosi
ngathang-ngathang, njutan semaput... He...he...he...
Dening Agus Waluyo, Redaktur Dablongan Kabare Bralink
sumber foto : www.robertolimaempat.blogspot.com
0 comments:
Speak up your mind
Tell us what you're thinking... !