NGUCAPAKEN SLAMET HARI IBU
BEJO : "Slamet hari ibu ya Buuu... Dina kiye ibune ora usah nyapu, ngepel, masak lan liya-liyane...!".
Krungu tembunge si Bejo, atine bu Karsini krasa mongkog pisan. Krasa trenyuh, bu Karsini dadi semaur
"Owalah Bejo anake inyong sing bagus dhewek, maturnuwun yaaa...!".
Rampung Bu Karsini ngomong, Bejo gegen nusuli omong.
BEJO : "Mergane, Yu Tum wis mari. Kiye malah tembeke bae butul ngumah koh Bu...!".
(rewange Bu Karsini pancen wis olih ana seminggu gole ijin ora mangkat merga mriyang)
BU KARSINI : ???
(Bu Karsini ora teyeng ngomong apa-apa, mung nglegeg kambi ngelus dhadha thok...)
He...he...he...
"Nggendhong rinjing nyangking tumbu, wegah rugi njimot kosi papat". Sugeng enjing kagem para Ibu, mugi-mugi sami tansah sehat..."
(Agus Waluyo/KabareBralink)
foto : www.m.keepo.me
0 comments:
Speak up your mind
Tell us what you're thinking... !