ASUNE ORA GALAK
Wong Lanang weruh ana asu agi ndhepa neng pipire Wong Tua sing agi njagong neng kursi taman kambi maca koran.
"Apa asune rika galak ???", takone si Wong Lanang.
"Ora...!", si Wong Tua semaur cendhek, njutan nerusna maning gole maca koran.
Ningen, nalika si Wong Lanang njajal ngelus ndhase si asu, ijig-ijig asune nubruk njutan nyokot tangane mak 'gewel', kosi metu getihe mlopor-mlopor...
"Giyehhh...!!! Kepriwe, si...???. Rika ngomonge jere asune rika ora galak...???!", Si Wong Lanang nggentak merga medhegel pisan, rumangsa wis delomboni.
"Lho, pancen ora galak koh... Sing kuwe tah udu asune inyong. Dadi prekara galak orane ya inyong ora ngerti...!", semaure si Wong Tua aso, njutan nerusna maca korane sing urung rampung.
GEDHUBRAAAGG...!!!
Si Wong Lanang sekal njimprak kaget, kosi tiba kejengkang ngathang-ngathang ngurugi asune sing wis klenger merga mau bubar degajul ndhase...
He... he... he...
kabare BRALINK
tabloide wong Purbalingga
(Agus Waluyo)
0 comments:
Speak up your mind
Tell us what you're thinking... !