BAGOL RISIH PISAN
Mudhun sekang bis, Bagol gegen nggolet kakus neng terminal merga wetenge krasa mules. Tembe thongkrong urung suwe, Bagol rumangsa risih pisan merga ijig-ijig Wong sing neng kakus pipire, takon.
"Ehhh, Ko agi ngapa...?".
Jane Bagol paling risih ari pas agi 'buang' deseng ngomong. Ningen kanggo njaga kesopanan, kepeksane dheweke semaur,
"Inyong agi sibuk kiyeh...!".
Wis desemauri kayakuwe, delepe Wong sing neng kakus pipire, tegin betah aseng kandhah, njutan takon maning.
"Inyong olih teka meng nggone Ko apa ora...?".
Wis risih pisan jane si Bagol, ningen kewatir mbok ndarani ora sopan merga deseng kandhah koh meneng bae, mula dadi semaur maning, "Wadhuhhh... Kepriwe ya...? Inyong agi sibuk temenan kiyeh...!".
Bubar kuwe, sekang kakus pipire Bagol, Wong kuwe ngomong maning, "Ya wis dhisit, mengko bae Ko tek tilpun maning... Kiye ana wong LENGOB neng kakus pipire inyong, sing melu bae semaur saben inyong takon meng Ko...!".
GEDHUBRAAAGG....!!!
Bagol sing agi nyidhuk banyu kuwe sekal njimprak kaget, kosi tiba kejengkang ngathang-ngathang, kathoke klebes kabeh...
He... he... he...
kabare BRALINK
tabloide wong Purbalingga
(de-Banyumasaken sekang crita LAWAS sing tau tek waca)
Agus Waluyo / Kabare Bralink
sumber foto : purwokertokita.com
0 comments:
Speak up your mind
Tell us what you're thinking... !