BASA
JAWA KOH DELAWAN..!!"
Ana wong bule sekang Ostrali teka meng pondok pesantren,
lan takon meng si Kyai...
BULE : "Kenangapa Kyai, ari ngajar, kitabe koh tegin
nganggo basa Jawa mayan...?. Neng jaman globalisasi kaya siki, kenangapa ora
detingkatna nganggo basa Inggris...?".
KYAI : "Mergane, ari deajarna nganggo basa Inggris,
ora gadhangan teyeng nafsiraken kabeh tembung sing ana neng Al Qur’an utawane
hadits, lha wong basa Inggris kuwe toli sederhana pisan. Sewalike, basa Jawa
sugih tembung, utawa kompleks..!".
Krungu penjelasane si Kyai sing kaya kuwe, si Bule katon
mekruh katon ora trima, jalaran deomongna neng si Kyai, lamon basa Inggris kuwe
kalah kumplit tembunge ari debandhingna kambi basa Jawa.
BULE : "Nalare kepriwe, deneng koh Kyai teyeng
ngomong lamon basa Jawa kuwe basa sing sugih tembung utawa kompleks, uga teyeng
dadi basa 'pengetahuan'...?. Magane sing senyatane, selawase kiye ya basa
Inggris sing paling kumplit utawa kompleks...!".
KYAI : "Ora...!. Basa Inggris pancen sederhana
pisan. Tek wei conto, jajal siki Mpean ndeleng!. Kae sing wernane kuning kaya emas, sing ana neng sawah...
Wong Inggris ngarani kae, apa?".
BULE
: "Rice...!".
KYAI : "Wong ngkene ngarani PARI utawa PANTUN. Pari
sewise depanen, degepyok utawane de-iles njutan dearani GABAH, bosa wong
Inggris ya ngarani RICE bae. GABAH, ari dejukut mung siji, arane LAS, ningen
wong Inggris tetep ngarani RICE. Lha GABAH ari wis langka kulite, de-arani
BERAS utawa WOS. Wong Inggris, tetep ngarani RICE. Kanggo BERAS sing padha
pecah, ana arane dhewek yakuwe MENIR. Wong Inggris tetep bae ngarani RICE.
BERAS sing wis demasak jenenge SEGA utawa SEKUL, tankocapa wong Inggris tegin
ngarani RICE mayan. Lha SEGA sing tegin setengah mateng urung tanek, arane
KARON. Ari gole masak genine kegedhen njutan SEGA-ne ana sing geseng, dearani
KERAK, delepe wong Inggris ya tetep ngarani RICE. Merga kakehen kosi ora entong,
njutan SEGA-ne nggo ngesuk, arane sega wayu utawa WADHANG. Mbuh
sega anyar mbuh sega lawas, wong Inggris ya ngertine RICE. Sega sing ora entong, njutan de-pe kosi
garing, arane AKING utawa KARAK, wong Inggris ngertine ya RICE. Lha seumpama
gole madhang robas-rabes njutan ana SEGA seblindhi sing temempel neng pipi,
arane UPA...!. Ningen wong Inggris tetep madhep mantep ngarani RICE bae,
mbokaaan...?. Lha kuwe... Sekang tembung siji bae, bisa detafsirna werna-werna.
Sewalike, basa Inggris ora bisa nafsirna, RICE sing demangsud kuwe jane BERAS,
SEGA, UPA apa liyane...?. Ari ayakuwe, apa basa Jawa ora de-arani sewijining
basa sing kumplit utawa kompleks, debandhingna kambi basa Inggris sing
sederhana pisan...?".
BULE : "Iya, Kyai.... Iya... Iya... Iya...
Zzzzzzz.....!!!".
Ngrungokna tembunge Kyai sing ndrendhel ora
mandheg-mandheg dawa pisan kaya sepur kuwe, si Bule teyenge mung semaur IYA IYA
bae kambi manthuk-manthuk kosi ngantuk, njutan lessss... turu...!!!.
Neng sejrone turu, si Bule ngimpi. Ngkanan-ngkanane, dheweke agi NDHAUT (nyabut winih pari)...
Neng sejrone turu, si Bule ngimpi. Ngkanan-ngkanane, dheweke agi NDHAUT (nyabut winih pari)...
He...
he... he...
kabare BRALINK
tabloide wong Purbalingga
kabare BRALINK
tabloide wong Purbalingga
(de-olah lan de-Banyumasaken sekang status FB-ne Syukron
Ma'mun Al Fasiry)
Kabare Bralink / Agus Waluyo
foto : sopandi.blog.uns.ac.id
0 comments:
Speak up your mind
Tell us what you're thinking... !