JEBENG, KASWAD KARO SAINO
JEBENG : "Agepan meng ngendi, Yung...?".
BIYUNG : "Agepan ngrumat awak kon sangkane dadi ayu, Beng...!".
JEBENG : "Ooo, agepan meng salon ya Yung...?".
JEBENG : #*?&@€¥!(??? *nglethaki keyboard*
---
JEBENG : "Yung, Jebeng bubar 'ngluthik' bocah wadon...!!!".
BIYUNG : "Apa ora jengkel kuwe bocah wadone...?".
JEBENG : "Ora koh, Yung...!".
BIYUNG : "Mbosanu anu bocah ora bener, kuwe, Beng... Lha Ko si gole ngluthik neng ngendi...?".
JEBENG : "Neng facebook, Yung...!".
BIYUNG : #*?&@€¥!(??? *dhengklek njutan koprol*
---
B E J O : "Wad, mumbengi nonton bal apa ora, Ko...?".
KASWAD : "Ya nonton, ya...!".
B E J O : "Lombo, Ko lah... Wong mumbengi mbok mati lampu...?".
KASWAD : "Inyong nontone toli nganggo lilin, Jo...!".
B E J O : #*?&@€¥!(??? *kejet-kejet, sawan celenge kumat*
---
S A I N O : "Becak...!!!". *ngundang tukang becak* "Meng alun-alun pira, Kang...?".
TUKANG BECAK : "10 ewu bae, Dhek...!".
S A I N O : "Angger kambi tas koper, pira...?".
TUKANG BECAK : "Lah, tas kopere ya gratis, ora susah mbayar, Dhek...!".
S A I N O : "Ya wis, kiyeh tas kopere tulung degawakna rika, inyong tek trima mlayu bae butul nganah...!".
TUKANG BECAK : #*?&@€¥!(??? *mbrakoti koper*
He... he... he...
kabare BRALINK
tabloide wong Purbalingga
(de-Banyumasaken sekang 'Status Lucu' sing tek waca)
Kabare Bralink / Agus Waluyo
0 comments:
Speak up your mind
Tell us what you're thinking... !