MAYUH MENG NJERO KAMAR
Bagol agi ngomong kambi pacare, yakuwe Sarni...
BAGOL : "Sar... Inyong duwe barang sing maen temenan, jere pelayan tokone, barang spesial. Lan nguja tek tuku kusus nggo Ko...!". (gole ngomong kambi mesem aleman pisan)
SARNI : "Apa si Kang...?". (mesem semringah saking bungahe)
BAGOL : "Ko kepengin weruh apa ora...?".
SARNI : "Ya kepengin pisan lah, Kang...!".
BAGOL : "Ningen ana sarate Sar, ari pancen kepengin weruh temenan...!".
SARNI : "Iya, Kang... Apa bae sarate Inyong manut...!".
Bagol njutan nyekel tangane Sarni, degered deseng mlebu kamar kambi ngomong, "Gole ndeleng neng njero kamar bae yuh...!".
* butul neng njero kamar....*
BAGOL : "Tulung lawang kambi jendhelane de-ineb dhisit Sar...!".
SARNI : "Iya, Kang...!". (atine dheg-dhegan)
BAGOL : "Kuwe lampune ya de-sipet, Sar...!".
SARNI : "I... Iya, Kaaang...!". (dheg-dhegane sengsaya banter))
BAGOL : "Awake dhewek kambi turon bareng neng dhipan lan kemulan yaaa...?". (nglirihi)
SARNI : "Iya, Kaaang...!". (teyenge mung pasrah thok)
BAGOL : "Ko wis siap, Sar...?".
SARNI : "Uwis, Kaaang...!".
.
.
k l i k.........
.
.
BAGOL : "Deleng kiyeh, Sar... Jam tangane maen pisan, teyeng MURUB mbokaaan...?".
(kambil mesem-mesem bungah, rumangsa wis teyeng nukokna barang maen)
GEDHUBRAAAGG....!!!
Sarni sekal njimprak kaget kosi tiba sekang dhipan, kejengkang ngathang-ngathang...
He... he... he...
kabare BRALINK
tabloide wong Purbalingga
Kosakata:
*butul/ tekan : sampai
*ineb : tutup
*sipet : dimatikan
*nglirihi : merayu/ membujuk
*de-Banyumasaken sekang crita LAWAS sing tau tek waca (KB/Agus Waluyo)
Foto : Kompas/Shutterstock
0 comments:
Speak up your mind
Tell us what you're thinking... !