NGGOLETI
KANTOR PULISI
![]() |
foto : www.jeqweb.com |
"Kenangapa
Ko nyolong tip mobil...?", si Pulisi takon meng Kamso, nalika dheweke
depriksa neng Kantor Pulisi.
"Kula
kepeksa kedah nglampahi niku Pak...!", Kamso semaur.
"Kepeksa
kepriwe...?", Pak Pulisi takon kambi nggentak.
"Kawit enjing kula
wonten prelu dhateng Kantor Pulisi, nanging kula pados mboten kepanggih. Kula
lajeng taken teng rencang, kiyambakipun nggih mboten ngertos Kantor Pulisi
wonten pundi. Nggih mpun, supados saged dugi Kantor Pulisi, kepeksanipun kula
nyolong tip wonten lebet mobil. Lha niki buktinipun, seniki kula saged dugi
Kantor Pulisi mriki...!", semaure Kamso dawa.
"Lha Ko ndadak
nggoleti Kantor Pulisi kuwe ana apa...?", Pulisine takon maning.
"Niku Pak... Ajeng
damel… Surat Keterangan Kelakuan Baik...!”, Kamso semaur kaya wong ora duwe
dosa.
GEDHUBRAAAGG...!!!
krungu wangsulane si Kamso
sing kayakuwe, Pulisine sekal njundhal kaget. Kewilange bae ora kosi tiba
kejengkang ngathang-ngathang...
Hé...hé...hé...
kabare BRALINK
tabloide wong Purbalingga
(de-Banyumasaken sekang
crita sing tau tek waca)
*Jaman semana jenenge
tegin SKKB, urung SKCK
Kabare Bralink / Agus Waluyo
0 comments:
Speak up your mind
Tell us what you're thinking... !