PHOTOGRAFER OSTRALI
Photografer sekang Ostrali critane
agi kesasar neng sewijining daerah neng Indonesia lan dheweke njutan ngaub neng
sewijining halte. Si photografer kesuh pisan, merga udane sengsaya deres.
Sewise nunggu sewetara wektu, pungkasane dheweke weruh ana mobil sing mlaku alon. Lan nalika mobile wis neng ngarepe si photografer kuwe, gegen bae dheweke mbukak lawang njutan mlebu lan njimprak KAGET...!!!
Ora denyana babar pisan neng si
photografer, mobil kuwe cempuleke mlaku dhewek langka supire. Kambi atine
dheg-dhegan pisan ora karu-karuan rasane, si photografer lambene umed-umed
ndonga, muga-muga ora ngalami kedadian sing nyalawadi lan sing ora dekarepna.
Sewise antarane bangsa 10 menitan neng njero mobil, sekang kaca mobil sing burem merga ngembun, lamat-lamat si photografer weruh neng kadohan ana warung neng pinggir gili. Nalika mobile wis perek warung, ora kakean mikir si photografer njutan bae mlumpat metu, dheweke mlebu meng njero warung njutan nggludhag semaput neng warung.
Ijig-ijig bae ana wong 2 sing
sandhangane lepat-lepot lan teles gejebes mlebu meng warung lan weruh si
photografer sing agi ngathang-ngathang semaput.
Salah siji wong kuwe ngomong meng
batire, "Jan, ora nana unggah-ungguhe babar blas... Ya kiye wonge, Kang...
Bule LENGOB sing miki sekepenake dhewek bae, nunut nunggang meng mobil sing agi
desurung neng dhewek...!".
He... he... he...
tabloide wong Purbalingga
(de-Banyumasaken sekang crita sing
tek waca neng KST)
Kabare Bralink / Agus waluyo
0 comments:
Speak up your mind
Tell us what you're thinking... !