PAIJO KAMBI SURTI
![]() |
Foto : merdeka.com |
Paijo njutan aseng Surti meng Puncak. Neng sela-selane kebon teh sing rungkud, lan kegawa kahanan sing sepi uga adhem, wong sekeloron njutan padha kebablasen nglakoni temindak sing ora semesthine.
Rampung kayakuwe, kambi isin-isin si Surti ngomong, "Kang Paijo, inyong rumangsa salah Kang...!".
PAIJO : "Ana apa Surti...?. Ko ngajog yaaa....?".
SURTI : "Ngapurane Kang, inyong ora blakasuta ngomong apa anane meng mpean awit mau. Inyong kiye sejatine pancen wong wadon nakal. Dadi apa sing tembe delakoni kiye, ora gratis. Inyong mung njaluk 100 ewu bae Kang...!".
"Surti, Ko ora prelu isin lan rumangsa salah kayakuwe meng inyong. Wong inyong kiye sejatine jane ya supir taxi. Lha kanggo ongkos sekang Blok M butul Puncak ngkene, Ko cukup mbayar 150 ewu bae...!", semaure si Paijo degawe ora menjep ora mesem semendhing-mendhinga.
GEDHUBRAAAGG....!!!
Krungu wangsulane si Paijo sing babar pisan ora denyana kuwe, Surti sekal njimprak kaget, kosi tiba kejengkang ngathang-ngathang...
He...he...he...
kabare BRALINK
tabloide wong Purbalingga
(Kabare Bralink/Agus Waluyo)
0 comments:
Speak up your mind
Tell us what you're thinking... !