TEMBEKE RUMANGSA DUWE, ARI WIS KELANGAN
![]() |
Kulanuwuuun...
Wengi kuwe, inyong
mangkat ronda bareng kambi mas Henggar, kang Rasmad, pak Taryo banjutan mas
Tarwo. Kusus jadwale inyong ronda, jan-jane kabeh ana wong nem. Sing sijine
yakuwe lik Karjo, naminge wengi kuwe ora teyeng mangkat merga agi ora kepenak
awak. Jalaran awane bar ndhudhuk sumur sedina med, awit esuk butul sore.
Bubar mubeng njimoti
jimpitan beras sing cemanthel nang saben umah, inyong sekanca banjutan bali
meng angkruk maning. Merga wis pas jam siji esuk, mas Henggar dadi nuthuk
kenthongan kanggo aweh ngerti meng warga mbok menawa ana sing tegin melek
mayan, dadi ngerti yen menawa wektu kuwe wis jam siji esuk. Nembe nuthuk
sepisan, banjutan bae de-susul onine kenthongan sekang wong sing pada ronda
nang erte liyane. Sedela bae suwarane kenthongan pada saut-sautan memper kaya
jago kluruk. Ari sing siji kluruk, liyane gegen melu bae kluruk.
Kanggo anget-anget, mas
Tarwo banjutan gawe geni ngambi suluh pang-pung wit rambutan ngarep angkruk,
sing sempal pas ana udan barat telung minggu kepungkur.
Merga sulueh anu wis garing, dadi sedela baen genine wis
murub mulad-mulad, kayune trusan bae mbamba...
Kang Rasmad sing nggawa boled se-wit, gegen mblesekna
boled budine, de-benem nang awu ngisore bamba, kon sangkane rata matenge ora
kosi geseng kulite. Kambi keyip-keyip mripate merga perih kena kukuse geni,
kang Rasmad ngomong : “Pak Taryo, inyong agep takon kambi mpean sing guru basa
Indonesia…!”.
Pak Taryo, uga inyong
se-kanca dadi kaget krungu pitakonane kang Rasmad mau. Ari perkara takone dewek
si kanca batir ora pada kaget, merga kang Rasmad ari nemoni prekara sing
mbingungna tumrap deweke, pancen ya sokan takon kambi kanca batir. Naminge
nalika gole takon mawi nggawa-nggawa tembung ’guru basa Indonesia’ mbarangan,
inyong sekanca dadi kepengin ngerti, jan-jane kang Rasmad agepan takon apa. Mas
Henggar sing biasane sokan moyoki kang Rasmad ari agi takon, wektu kuwe be ora
ngomong se-kecap-kecapa saking kepengin ngertine, jan-jane apa sing agepan
de-takokna nang kang Rasmad. Ngerti agi de-enteni kambi kanca batir apa sing
agepan de-takokaken, kang Rasmad banjutan ngomong maning.
”Pak Taryo, apa
enggane ana basa sing wagu, utawa ndesani...? Mergane, inyong sokan
de-aruh-aruhi kambi wong, jere aja sokan nganggo basa sing wagu, sing wis
ketinggalan njaman...!”.
Pak Taryo sing paham
pisan kambi kang Rasmad sing pancen basa Banyumasan-e tegin mbleketaket dadi
semaur.
”Ari prekara basa kuwe, jan-jane ya ora pas ari ana tembung wagu, keri
njaman apamaning ndesani. Jenenge basa, sing baku toli teyeng kanggo mbutulaken
apa sing de-mangsud kanti cetha, bisa de-mangerteni neng wong liya, sing agi
de-jek ngomong”.
Krungu ketrangan mau,
mas Henggar dadi melu bae nyuwara : ”Ari ayakuwe, brarti basa Banyumasan ya
klebu-ne maen, merga apa anane, ora kakean sengek dadi gampang de-tampa apa
karepe ya Pak..?”.
Kambi gemuyu, pak Taryo
dadi ngomong : ”He...he...he... Bener pisan kuwe tembunge mas Henggar miki.
Inyong jan seneng pisan krungu tembung ’kakean sengek,’ merga wis lawas ora
krungu, siki dadi krungu maning”.
Ngrungokaken gole pada
kandhah banene katon gayeng, mas Tarwo ya dadi melu urun omong.
”Pak Taryo,
ari pancen ayakuwe, kenangapa deneng siki wis arang wong pada ngomong kambi
basa Banyumasan ya...?. Apa merga pada isin apa ya Pak...?. Malah ana crita
sing jan merguyokna pisan ari tumrape inyong soten. Lha wong cetha-cetha gole
kuliyah kuwe nang Purwakerta, naminge kenangapa deneng bosa bali Purbalingga
gole ngomong dadi ’bandek’ ya...?. Jaaan merguyokna pisan, pendeken memper kaya
dagelan, mung kaceke ora pupuran...!”.
Krungu tembunge mas
Tarwo, inyong se-kanca dadi gemuyu, naminge gemuyu anta, merga gole gemuyu udu
thukul sekang ati sing bungah. Kosok baline, katone bae gemuyu, naminge atine
jan krasa nggregel...
Kambi nampani beneman
boled budin sing wis mateng sekang kang Rasmad, ngerti agi de-enteni omonge,
pak Taryo nyedot ambekan dawa, mandeg sedela banjutan ngomong : ”Kosi duwe rasa
isin, kuwe tah ya salah gede. Wajiba inyong kuwe guru basa Indonesia, inyong jane
ya priatin temenan ari ndeleng kahanan bocah nom siki, sing wis mulaih rumangsa
aneh utawa ora kenal kambi basane dewek.
Mbok menawa akeh sing
ora ngerti, ari basa-ne dewek yakuwe basa Banyumasan, toli wis de-dadekaken
jurusan nang Pakultas Bahasa, nang salah sewijining unipersitas nang Ostrali.
Malah sing dadi ibu dosene kuwe, wong sekang mBancar Purbalingga...!. Wong
sekang negara manca be ngregani uga pada kepengin ngerti kambi basa Banyumasan,
lha koh wonge dewek malah pada ora preduli, paribasane ora segu ora wain..!”.
Krungu ketrangane pak
Taryo sing dawa kuwe, inyong sekanca ya dadi kaget pisan. Urung rampung inyong
sekanca sekang rasa kaget, pak Taryo tegin ngomong maning.
”Malah agi kae ibu
dosen-e sing sekang mBancar nakokaken, apa iloken nang Purbalingga tegin ana
dalang jemblung, merga mahasiswane kepengin agepan nganakaken penelitian. Lha
kuweh... Ari awake dewek pada ora gemati, ora tlaten nguri-uri, bisa-bisa
kesenian mau nang ngkene ilang, banjutan de-akoni nang negara liya, kayadene
tari-tarian. Ari wis ayakuwe tembeke pada reyang, rumangsa kelangan. Iya
mbokan..?”.
Kambi muncu-muncu merga
kepanasen beneman boled sing agi de-pangan, kang Rasmad nylemod.
”Apa enggane
anak putune dewek mbesuk ngemben ari kepengin sinau basa Banyumasan utawa
kepengin nanggap dalang jemblung ndadak kudu ngundang wong Ostrali...?. Pancen bener tembunge wong
tuwa, terkadangan awake dewek tembeke rumangsa duwe ari wis kelangan”.
Rampung kang Rasmad
ngomong, ora let suwe banjutan pada reyang, pada gotak pethekusan. Sing dadi
prekara, merga ana tamu teka sing ora nganggo kulanuwun acan. Dadi ora krungu
suwarane, ngerti-ngerti wis teka ambune sing theng-thengan, sing uleng-ulengan.
Rikalane inyong, pak Taryo, mas Tarwo banjutan mas Henggar agi pada kepeganen
merga mithet irung, delepe kang Rasmad malah njagong jegang nang angkruk kambi
mangan beneman boled. Deweke malah dengar-dengir, ora rumangsa salah, kaya ora
nana apa-apa.
Weruh polaeh sing
ayakuwe, kanca batir teyenge ya mung pada maido thok. Naminge, wajiba katon pada jengkel medegel, ya ora
kosi de-lebokna ati.
Ora tahan, pak Taryo
dadine ngomong : ”Kiye sing jenenge : tembeke rumangsa lega wetenge, ari wis
kelangan...!”.
Inyong wong papat
banjutan pada ngguyu latahan, bosa kang Rasmad sing rumangsa de-sindir teyenge
ya mung meneng kambi raine abang celilian...
”Tuku rangin kudu meng
kota, kepengin bakwan kudu pesen”.
Semene dimin gole crita,
ari kedawan mbokan dadi bosen...
“Lawueh welut, segane
pera”.
Salah luput, njaluk
ngapura...
Klamiiit...
Kabare Bralink / Agus waluyo
0 comments:
Speak up your mind
Tell us what you're thinking... !